B. Daerah

Pertanyaan

Sebutna paugeran sekar macapat lan jlentrehna tegese

1 Jawaban

  • Kelas              : VIII

    Pelajaran       : B. Daerah

    Kategori         : Bahasa Jawa

    Kata Kunci    : Macapat, Paugeran, Pangerten, Tuladha, Penjelas

     

    Pembahasaan :

                Macapat iku salah sawijining kebudayan asli tlatah Jawa. Macapat ugi nduweni paugeran – paugeran ingkang cacah tigo, yaiku Paugeran Guru Gatra, Paugeran Guru Wilangan, lan Paugeran Guru Lagu.

                Berikut panjelasane :

    1.    Guru Gatra, yaiku cacahing utawi jumlahing gatra ing tembang macapat (yaitu jumlah baris dalam lagu macapat).

    2.    Guru Wilangan, yaiku cacahing wanda ing saben sagatra (yaitu jumlahnya suku kata pada setiap baris).

    3.    Guru Lagu, yaiku tibaning swara ing saben pungkasaning gatra (yaitu jatuhnya suara vokal di setiap akhir baris).

     

                Supados luwih jelas, ing ngisor iki salah sawijining conto tembang macapat Dhandhanggula.

    Sinengkuyung sagunging prawali

    Janma tuhu sekti mandra guna

    Wali sanga nggih arane

    Dhihin Syeh Magrib tuhu

    Sunan ngampel kang kaping kalih

    Tri sunan bonang ika

    Sunan giri catur

    Syarifudin sunan drajat

    Anglenggahi urutan gangsal sayekti

    Iku ta warnanira


          Saking tembang Dhandhanggula ing duwur, saged dijupuk kesimpulan Paugeran Guru Gatra, Paugeran Guru Wilangan, lan Paugeran Guru Lagune, yaiku :


    1.    Guru Gatrane Tembang Dhandhanggula, ana 10.

    2.    Guru Wilangane Tembang Dhandhanggula, yaiku 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7.

    3.    Lan Guru Lagune Tembang  Dhandhanggula, yaiku i, a, e, u, i, a, u, a, i, a

Pertanyaan Lainnya